Advertisement
Wednesday, 08 September 2010
SmallMediumLarge
Home arrow Blog Profile arrow Ngangsu - Imam Maskur (Wordpress)
Ngangsu - Imam Maskur (Wordpress) PDF Print E-mail
Wednesday, 03 February 2010

Jamanku cilik, wong ulih banyu nggo adus, nggo nginum ora kaya siki sing nganggo pompa listrik sing latah diarani Sanyo. Gemiyen ngarah banyune sekang sumur cilik sing panggonane lewih dhuwur, istilahe ngeslang, soale nganggo sleng banyu. Sekang sumur mu disedot disit nang ngisore, nek wis mili terus disambung slang maning nganti tekan umahku. Lumayan adoh, kayane ana setengah kilo. Dadi banyune gari mili, dijorna bae nganti kimplah-kimplah luber. Paling angger ora mili gari di tiliki. Goleh niliki diurut kang ngisor, sapa ngerti ana sing pedhot apa pecah ketiban klapa utawa kayu. Nek mlebu mangsa ketiga, kudu sering di tiliki. Nek sumure banyune mudhun njur dijerokna maning slange. Nek sat ya dienteni isine maning ben bisa disedot. Tapi nek wis ketiga dawa ya sat temenan ora isi-isi. Nggolet banyune ya ngangsu, adus sisan nang pinggir sumur sing dadi panggonan adus umum.

 Gumune gemiyen ye ora isin, adus bareng-bareng. Aduse ora wuda brah, tapi nganggo petelesan. Nah bar adus, baline nggawa banyu. Bisa nyangking apa mikul, sing nyangking biasane wong wadon.  Engko tekan ngumah disogna jembangan utawa padasan nggo wudu. Kayane ndisit wonge sehat-sehat, sing wis tuwa ya kelar mikul. Sing duwe motor malah ngangsune nganggo jligen kiwe-nengen. Dilebokna meng bahan karung sing di jait ben bisa madhahi jligen loro. Tapi sing duwe motor ora akeh.

 

Maju ngeneh, njur mangsan wong padha gawe sumur timba. Meh kabeh umah nggawe, tapi ora kabel kasil ulih banyu, apa ulih banyu tapi 20 meter. Nek pas mujur ya ulih sumber apik sing ora tau sat tur ora jero. Bareng akeh sing duwe sumur, nek ketiga nunut adus nang sumure tanggane. Aku dhong umahku urung duwe sumur dewek ya sok nunut adus. Wah pahalane akeh mesthi sing duwe sumur, amin. Bareng umahku wisduwe sumur, gemiyen nek bali sekolah tugase kon ngiseni bak. Dadi sekang sumur ditimba, lebokna jembangan, terus disedot maring bak. Lumayan kena nggo ngencengna lengen, wong nimbane nganti 100 timba, jerone 20 meter. Tangane biasane ya ngapal, tapi ora apa-apa wong pancen amben dina ngandhul nang Koprades.Nek nang kota ana sing nganggo pompa wesi sing warnane ijo.  Umume diarani Pompa Dragon, mbuh koh bisa diarani kaya kuwe anu sekang ngendi. Nek pompa dragon sumure rapet, mbuh bolongane dibeton, apa pancen anu di bor? Tapi jarku sing nganggo pompa dragon ora akeh, tetep akeh sing model timba, sebabe sepisan maning ora ngerti.Najan wis duwe sumur dewek, tapi nek mangsan udan, ya ngeslang maning. Lha lewih mayar, ora kesel, banyune teka dhewek. Tapi maju ngeneh sing ngeslang tambah akeh, dadi ana saingane. Kudu sering-sering ditiliki.

 

 

Bareng listrik wis mlebu, mulai ana sing nganggo pompa listrik alias Sanyo. Gari mijet saklar, banyune wismaring bak. Sing duwe sumur tapi adoh kang umah ana sing masang pompane nganti 2, siji sekang sumur tekan bak tampungan, sijine kang bak tampungan maring umah. Siki kayane wis ora ana wong mikul nang ndesaku ngkana ya. Bocah siki ya wis ora ngerti sing jenenge mikul, ngangsu setengah kilo. 

 

 

 

 

Tulisane FaiKang Imam Maskur sing liyane neng  :  http://maskurmambangr.wordpress.com/

Comments
Add New Search RSS
Bodine Boddy  - Jaman Ganu Susah   |Dikirim sekang IP:125.163.199.xxx |2010-08-29 18:40:22
Jan pancen jaman ganu arep adhus bae angel temen ya...??? arep adhus nang belik yach akeh sing nginjengi..., ora kya jaman siki kepenake pooolll... tapi ben akeh sing males adhus...
MAD PARDI WAL PAIMIN  - ADUS SEHAT   |Dikirim sekang IP:203.30.254.xxx |2010-08-15 02:14:54
SING JENENGE ADUS SEHAT YA KUE, SEKAN SUMUR SING NANG MBURITAN NGUMAH APA SING NANG PAPRINGAN, BANYUNE ESIH AKEH MENGANDUNG MINERAL ALAMI!! JAN APIK PISAN GO TAMBAH SEGER NANG AWAK. ORA NGANGGO
KAPORIT-KAPORITAN KAYA WONG KOTA, SING BISA GAWE BUSIK NANG KULIT.
Heri  - Adus wuwung..   |Dikirim sekang IP:117.121.200.xxx |2010-07-14 16:06:26
jannnn... nang gonku bae siki esih nganggo timba go njimot banyu kang sumur, soale ledeng durung mlebu ming ndesaku
Syed  - http://www.purbalingga.co.cc   |Dikirim sekang IP:118.97.15.xxx |2010-06-29 20:59:17
Kuwe anu kemarau wingi mbok, nek siki tah agi udan bae ya ora nganhsu maning........
nuri  - kangen purbalingga   |Dikirim sekang IP:118.137.39.xxx |2010-06-19 20:01:56
jyan wis 7 thn ra mudik
priy anton  - akro nggolet kanca   |Dikirim sekang IP:125.164.69.xxx |2010-06-01 21:43:25
jen,,,cocok bngt karo impen...?sue nang perantaun dadi jarng krungu kabar seko ndesa,iseng2 mampir nang warnet,eh,ora sengja ngeklik,jebule ana web kusus wong2 banyumas,y dadi kebenran,dadi bisa
ngobati kangene karo tanah kelahiran,tapi fotone ko melasi temen kang,ana gambar kakine agi ngangsu,melas temen y,,,kie q nymp nelangsa,soale fotone ko madan mirip kakine q,,ana foto liane maning mbok
kang?foto2 banyumas jaman kuna y ra papa kang..??
pardi  - adem kenyes-kenyes   |Dikirim sekang IP:118.96.56.xxx |2010-04-20 01:20:54
jan temenan inyong ya kemutan agi inyong cilik nang Kroya agi taun 80an, ya aduse, ya ngangsune, ya ngumbaih, nang sumur papringan! jan nek esuk yakin mak' nyesss ademe. segere wis jan mantep
pisan... Tapi siki koh mandan beda!! sing tua-tua wis pada ora nana siki ya wis jarang ana wit-witan sing gede karo panenan apa bae sing nang karangan. la wong genah siki sing nom-nomane pada merad
kabeh, sing esih ana ya beda bae karo jamene kakine dewek, iya mbok? la wong siki jamane golet duwittt! udu golet pangan!!!!
dewi  - ha ha ha   |Dikirim sekang IP:118.96.19.xxx |2010-03-06 03:49:10
yakinlah, aku wis arep 5 th nang bekasi, kangenku terobati, aku nembe weruh ana web khusus wong banyumas, lumayan nggo tmba kangen.
Imam Maskur  - http://maskurmambangr.wordpress.com/   |Dikirim sekang IP:114.120.226.xxx |2010-02-06 20:00:17
ya kay kuwe kahane desaku jaman disit
eh aja kelalen mampir maring blog-ku ben madan rame gendhu2 rasane
endang suciharti  - saiki   |Dikirim sekang IP:114.127.220.xxx |2010-02-05 21:58:13
saking okehe penduduk jaman siki malah banyu soko sumur wae wis akeh sing tercemar,apa maneh wis akeh air minum kemasan rasane wedi pisan menowo minum saka banyu sumur.apa maneh bocah - bocah jaman
siki wis ora ngerti kaya ngapa rasane golet banyu ngangsu nganggo pikulan.
Mukiyo  - Adus Neng Mbelik   |Dikirim sekang IP:150.101.242.xxx |2010-02-03 11:49:49
Apik tulisane kang, aja bosen bosen nulis sing kaya kiyean...
Gemizen malah nyong nduwe kanca sing uripe tergantung karo belik. Tapi banyune jan bersih pisan lan seger.
Write comment
Name:
Email:
 
Title:
 
:angry::0:confused::cheer:B):evil::silly::dry::lol::kiss::D:pinch:
:(:shock::X:side::):P:unsure::woohoo::huh::whistle:;):s
:!::?::idea::arrow:
 
Please input the anti-spam code that you can read in the image.

3.26 Copyright (C) 2008 Compojoom.com / Copyright (C) 2007 Alain Georgette / Copyright (C) 2006 Frantisek Hliva. All rights reserved."

Last Updated ( Thursday, 04 February 2010 )
 
Next >
 

gayatri.gif 

Outward  Klik spanduk lihat untuk detail!


Domain gratis www.jenengerika.co.cc

Sing gawe website: topendwebdesign.com.au

te

BangsariBlog

  Blogger Bangsari
 





  infin.gif 

I love BMS

  ilovebms.jpg
 

Think Green

  thinkgreen_big.gif
 

  email: tom_blenk@yahoo.com