Advertisement
Wednesday, 08 September 2010
SmallMediumLarge
Home arrow Blog Profile arrow Blog Bahasa Banyumasan bermutu!
Blog Bahasa Banyumasan bermutu! PDF Print E-mail
Tuesday, 10 February 2009
SEPI MAMRING
 Oleh: Fatur Rachman
  
ayah.jpgLagi kepenak-kepenak ngrungokena perkutute manggung, demadakan ha-pe-ne si Kaki moni, thit-thut, thit-thut sing ateges ana sms mlebu. Si Kaki gageyan mbukak, sms sing detampa sekang nomer sing durung dikenal, onine (seuwise debanyumasaken) kaya kiye :“Kiye nggo Organda karo para supir angkutan umum, aja mung bisane nggresula sepi penumpang”. Kuwe mung sebagiyan sekang isi sms sing malur-malur, isine uneg-uneg sebab polahe Organda karo supir angkutan umum sing padha ora gelem ngedunaken tarif, sebab lagi sepi penumpang.

Si Kaki mesem. Nembe baen wingi sore lagi kebeneran terang seuwise udan telung dina dur, si Kaki medang neng warung kulon kantor PLN, neng Jalan Ragasemangsang sing siki nggo bukak dasaran pedagang kaki lima. Mbari nyruput kopi karo gorengan dage, si Kaki takon karo Mbekayu Gembrot (bakule wedang kuwe). Pitakonane kaya kiye : ” Kepriwe, Yu, rame mbokan gole dodol ?”
” Rame kepriwe,” semaure si Mbekayu. ” Pokoke kawit pindhah sekang alun-alun maring ngeneh dodol dadi sepi, langka sing tuku. Mbuh kepriwe kae bupatine sing jere gemiyen sedurunge kepilih arep nggatekaken wong cilik kaya penginyongan, ee malah wong cilik sing diuraki dhisit dhewek.”

Werna-werna pisan si Mbekayu gole ngudarasa. Sing jere mung kadar dodolan neng alun-alun baen koh deuraki. Jere alun-alun kuwe fasilitas umum, kenangapa inyong ora olih dodol neng kana. Alun-alun sing maune kena nggo cagak penguripan wong cilik, siki dadi dhaerah terlarang tumrap wong penginyongan, kaya kuwe si Mbekayu gole bekah-bekuh. Wong cilik deuraki, eh malah siki depasangi televisi sing gedhene sa ho-hah neng pojok wetan kidul. Mbuh sapa sing nonton ya ora ngerti.

Si Kaki ya ora ngomong ora mbarang krungu si Mbekayu ngresula kaya kuwe. Sebab, neng sisih wetan kana, neng pinggir dalan Jenderal Sudirman sing tekan Pasar Wage, agi si Kaki tuku kaos singlet, wong sing pada bukak dasaran neng kana uga padha ngresula sebab krungu arep depindah maring panggonan liya. Bakul-bakul mau ora gelem kon pindhah sekangkono. Apa maning angger panggonan anyar kuwe neng Stadion Mini.

” Sing arep tuku sapa ?” kaya kuwe omonge Zaiful, pedagang kaki lima sing asline wong Padang karo mendelik.
” Angger cara wong Jakarta toli, Stadion Mini kuwe gemiyen tempat jin buang anak,” si Mardanus nyambung.

Si Kaki ya mung mesam-mesem, krungu wong-wong padha ngresula utawa ngojel, senajan ora ngerti mbuh ngojel maring sapa. Jane tah ya percuma baen ngomong neng pinggir ndalan kaya kuwe. Ning sebab wong cilik kaya penginyongan kuwe bisane mung ngomong neng kono, ya senajan mbuh derungoknya karo sing lagi nyekel bawat keprajan, apa ora, kuwe ora penting. Ningen tumrap si Kaki, sing sauwise pensiun banjuran seneng kloyong, kadhang-kadhang melu juguran karo sapa baen neng pinggir gili, kahanan sing kaya kuwe marekaken atine nggregel. Arep ora nggregel kepriwe, sejroning seminggu kiye si Kaki krungu wong si padha ngresula sengsaya suwe sengsaya akeh.

Jajal si. Si Mbekayu bakul wedang ngresula sebab dagangane sepi oranana sing tuku sauwise deurak sekang alun-alun maring Jalan Ragasemangsang. Supir angkutan umum karo Organdane ya ngresula sebab sepi penumpang. Zaiful karo Mardanus sing pedagang kaki lima, ya semana uga. Kabeh wong padha ngresula, ning koh ya ora nana tanggapan sing marekaken bombong. Anane malah pengajak, utawa sing jaman siki disebut imbauan sing supayane wong penginyongan kiye kon padha sabar, tawekal, ora seneng ngresula.

Si Kaki bisa ngerti kahanan sing kaya kuwe. Ning si Kaki kiye ya mung bisane gendhu-gendhu rasa kaya kiye. Mulane ya si Kaki mung bisa mengimbau (sekali-kali tiru pejabat) sapa baen, ayuh padha dadi wong sing jujur, mligine jujur maring awake dhewek. Sebab, sapa baen bisa delomboni, kejaba awake dhewek. Angger pancen gole dodol ana kasile, ya aja ngomong rugi. Angger gole andhong angkot ana kasile, ya aja ngomong sepi penumpang, ningen padha ngomonga alhamdulillah senajan kasile mung sepethit. Semana uga para peyayi sing lagi nyekel bawat kaprajan ya kudu jujur lah, aja sok ngendika jere gajihe kurang, wong kabeh-kabeh kuwe ya tergantung karo awake dhewek.

Ningen sih cetha, manut si Kaki, kabeh samubarang kuwe kudu deatur, detata, ora apa-apa sekarepe dhewek. Lha jeneng lagi detatat, ya mula-mula deorak-arik dhisit. Seuwise deorak-arik, banjutan dipernah-pernahaken. Kabeh mau butuh pengorbanan. Ning, si Kaki njaluk, sing berkorban lewih dhisit kuwe para peyayi sing neng Kelurahan, Kecamatan, Kabupaten, Gubernuran tekan maring Presiden dhisit, sing padha ambeg parama arta. Aja dhikut ngurusi awake dhewek thok, rakyate kon berkorban. Kuwe tah arane ngarah menange dhewek.

Ala buse, mendhunge wis nggendanu, sedela maning mbok udan, si Kaki gageyan ngedunaken perkutute degawa maring njogan.
Kelilaaan.*****
 
Tulisan Fatur Rachman yang lain ada di http://blangkon.kecut.blog.plasa.com/
Comments
Add New Search RSS
Maskur  - http://maskurmambangr.wordpress.com   |Dikirim sekang IP:114.120.226.xxx |2010-02-06 20:19:25
api temen kiye pak Fatur
anu mantan penyiar ya ora baen-baen lah
nuwun sewu promosi blog-e aku kye nang kene
http://maskurmambangr.wordpress.com
endang suciharti  - surat   |Dikirim sekang IP:114.120.137.xxx |2009-07-19 04:21:39
inyong bingung arep ngomong apa,mung kanggo tamba kecelik nulis sakisane tuli ora apa2,sing marakake ngangeni tuli mendoan anget karo sroto lan getuk gorenge ,para sedulur sing wis adoh saka
purwokerto mesti,kangen karo kabeh kuwi apa maneh sing wis tekan australia ,iya mbok mas irawan,salam kanggo,mbakyu narrelle
pache baturaden   |Dikirim sekang IP:202.152.238.xxx |2009-07-04 06:10:52
Bawor Ketowor   |Dikirim sekang IP:125.166.89.xxx |2009-06-25 09:38:05
Melu mbraok lah...
inyong baen bingung pas bupatine anyar,mbuh arep dadhi apa kae puraketane...sing penting wargane pada rukun baen y....lan aja gelem di gawe angel gole ngapa2...
Asman Adi Purwanto  - cah suro siki neng bogor   |Author |2009-05-02 11:03:48
critane apik pak,.. langka-langka sing nulis masalah bakul gorengan sroto lan semaceme,.. apik wis
pie_piss neng ndalan  - cretinane apik nemen y   |Dikirim sekang IP:125.163.213.xxx |2009-03-18 15:36:50
ceritane apik pisan pak..sumpah..
wong bupatenan ana sg maca ora ya????
Harun Azis  - Aku wong Grendeng Purwokerto mas mbekayu   |Dikirim sekang IP:222.124.206.xxx |2009-02-23 12:33:34
salam kenal kanggo kabeh masyarakat Banyumas. aja kelalen karo mendowan, kripik, sroto.
nano,,, inyong mrebet   |Dikirim sekang IP:125.160.226.xxx |2009-02-12 02:19:59
Pancen bener kadang sing jenenge menungsa kue artine"menus-menus isine dosa"siki dagang ana hasile alias ana lewiane ngomonge sepi terus para supir narik olih semending ya ngomonge jere
sepi.Padahal nek di pikir sabebdinane ya teyeng madang kuee tapi jerene menungsa ya ora gelem bersyukur,wong urip si intine apa mbok sing penting saben dinane dapure bisa ngebul ,anak ya teyeng
sekolah arep apa maning yaa,,masalah dunnya alias sugih kue takdir sekang gusti Allah.Siki arep kerja dina mbengi nganti keringeti butul silit paribasane kue,tapi nek takdire urung rejekine ya ora
sugih- sugih.semeno uga dadi wong urip sing penting gelem usaha,tawaql karo sing gawe urip pokoke pasrah baelah,masalah rejeki kue wis diatur setiap menungsane beda-beda.Ana sing rejekine akeh ,ana
sing rejekine semending kue wis di pasna karo setiap mahluk sing urip neng alam dunia kiyee.Inyong due syair muga-muga bisa nggo pengeling-eling para sedulur
"Hidup matiku karena Dia
(Allah)"
"Gerak langkahku karena dia (Allah)"
"Desah nafaku karena Dia (Allah)"
"Semua hidupkuuuu,,,karenaaa Dia (Allah)" Dadi menungsa kue ibarate wayang,sing gerakna
kue dalang, Dalange ya kue Allah S.W.T. makane dadi menungsa ora perlu pusing pusing,sing penting gelem terima tadire,atine rasane jen adem anyes pokoke plong.Cukup sementen mawon nggih
Administrator   |SAdministrator |2009-02-12 10:48:17
(Lanjutan nano,,, inyong mrebet) para sedulur..."Hidup matiku karena Dia (Allah);Gerak langkahku karena dia (Allah);Desah nafaku karena Dia (Allah);Semua hidupkuuuu,,,karenaaa
Dia (Allah); Dadi menungsa kue ibarate wayang,sing gerakna kue dalang, Dalange ya kue Allah S.W.T. makane dadi menungsa ora perlu pusing pusing,sing penting gelem terima tadire,atine rasane
jen adem anyes pokoke plong.Cukup sementen mawon nggih
Write comment
Name:
Email:
 
Title:
 
:angry::0:confused::cheer:B):evil::silly::dry::lol::kiss::D:pinch:
:(:shock::X:side::):P:unsure::woohoo::huh::whistle:;):s
:!::?::idea::arrow:
 
Please input the anti-spam code that you can read in the image.

3.26 Copyright (C) 2008 Compojoom.com / Copyright (C) 2007 Alain Georgette / Copyright (C) 2006 Frantisek Hliva. All rights reserved."

Last Updated ( Thursday, 12 February 2009 )
 
< Prev   Next >
 

gayatri.gif 

Outward  Klik spanduk lihat untuk detail!


Domain gratis www.jenengerika.co.cc

Sing gawe website: topendwebdesign.com.au

te

BangsariBlog

  Blogger Bangsari
 





  infin.gif 

I love BMS

  ilovebms.jpg
 

Think Green

  thinkgreen_big.gif
 

  email: tom_blenk@yahoo.com