Advertisement
Wednesday, 08 September 2010
SmallMediumLarge
Home arrow Review arrow NGIMPI KEDHAYOHAN NDARA KANJENG BUPATI BRALING
NGIMPI KEDHAYOHAN NDARA KANJENG BUPATI BRALING PDF Print E-mail
Friday, 29 May 2009
Dlepusane: Hari Widiyanto [harifurn [at]yahoo. co. id]
 
Alun alun PbgInyong dudu wong Purbalingga, ningen nek ndeleng alun-alun Purbalingga kesirihan pisan. Magane, alun-alun sing siki semanger karo rame pisan, rikala tahun 1999 tesih kaya kuburan. Siki ora mung pas malem minggu thok gremyeke wong, presasat saben sore warga Purbalingga padha tumplek blek. Bakul jajanan karo wong sing padha teka meh padha akehe. Delepen, panganan sing dedol padha ora bobor. Kuwe mertandhakna daya beli warga Purbalingga pancen dhuwur.  

Miturut pendelengane inyong, alun-alun Purbalingga kuwe ramah sosial, ramah ekonomi karo ramah lingkungan. Lho deneng sih ana alun-alun koh ramah? Mbokan sing ramah kuwe kur menungsa?  

Alun-alun Purbalingga ramah sosial, merga alun-alune ulih nggo jlag-jlagan sapa bae, merekna padha ora minggrang-minggring mbokan debenthongi neng Satpol PP.  Merga kuwe, cilik gede, sugih mlarat, lanang wadon karo tua enom kocap terang sore padha jagongan neng alun-alun.  

Alun-alun Purbalingga dearani ramah ekonomi merga akeh wong   sing padha pahal dodolan limun nggo bocah cilikan sing padha ngonggor bar padha jonjang, playon karo gendhong-gendhongan. Bakul dolanan bocah ngendheng-endheng, padha ngenteni bocah cilikan sing diemong neng wong tuane  nangis njaluk detukokna bangsane plendhungan, othok-othok, montor-montoran karo dolanan lia-liane. Akeh warung padha nyepakna wedang kopi, mendhoan, dhage, kenyas  karo tahu brontak nggo wong-wong tuaan sing padha ngemong anake.  Wong sing padha pahal uga ora degurah utawa debenthongi neng Satpol PP.   

Dearani ramah lingkungan merga wektu pahale wis detentokna. Pedagang kaki lima gole padha ngedegna lapake sebubare jam kerja kantoran. Turan, warunge  wis detentokna gedene karo wujude. Dadine neng pendelengane mata tetep maen karo mibawani nggo ukuran gonggoman pusat pemrentahan. 

Bareng inyong nglanglang tlatah Purbalingga, inyong dadi kemucap, “O..memper.” Purbalingga akeh banget pabrik sing padat karya. Ana pabrik idep, pabrik wig, pabrik sanggul, pabrik sumpit, pabrik obat nyamuk karo pabrik rokok. Presasat sing ora ana mung pabrik uwong, soale ora ana sing teyeng nggawe uwong kejaba Gusti Allah. Tenaga Kerja sing keserep neng kana akeh nemen. Gole gajihan umume padha setuan. Ya lumrah baen nek alun-alune rame.  

Koh teyeng kaya kuwe? Lha jaragan bupatine ubed, iguh pratikele maen karo trengginas pisan. Deleng baen, Unsoed teyenge ngadegna cabang neng Purbalingga tuli saking pintere bupatine Purbalingga golene ngloby. Ningen tumrap sing asline kepanggonan, kudune nduwe krasa ngungun nganti Fakultas Mipa Unsoed mbangun neng nggone tanggane. Ora kur babagan gedhong nggo pendidikan, pabrik sing garep ngadeg neng Purbalingga dicepakna lemah neng Bupatine. Timbangane lemah kas desa kurang migunani, banjuran dikon didegi pabrik. Ben nggo mbukak lowongan pegawean.  

Kiye ana crita sing mbuktikna bupatine pancen srilik pisan gole nyemringahna dunia usaha neng kabupatene. Pirang tahun kepungkur Purbalingga durung ana studio foto digital. Tumrap  bupatine, kiye jan ngisin-isini nemen. Soale ngger ana dhayoh sekang Semarang apa Jakarta, nek nyithak foto sing neng hardisk komputer apa neng flash disk ndadak lunga meng kota Kabupaten tangga. Eh, salah sewijining ndina pas jam kantor bupatine nekani juragane studio foto Sampurna sing anane neng ibukota Kabupaten tangga. 

“Geh..Koh, ko gelem bukak neng Purbalingga? Nek gelem mengko tek fasilitasi. Panggonan tak goletna, HO  karo liya-liyane ora bakal tek angel-angelna,” bupatine nakoni engkohe. 

“Sech..inyong sih gelem-gelem baen,” engkohe seneng-seneng baen ditawani.  

Ora let suwe studio foto digital ngadeg neng Purbalingga. 

Wong Purbalingga ora kur teyeng ngagul-agulna alun-alune thok.  Owabong, ramene wis ngalah-ngalahna Baturaden sing kawit ndhisit tekan seprene mung kaya kae-kae baen. Bocah cilik sing wis deaseng meng Owabong, akeh-akehe padha nangis gidro njaluk deaseng nganah maning.  Durung maning jagad iwak sing neng Purbayasa!

** ** 

Eh, ora dinyana-nyana. HP-ne inyong moni. Bareng tek candhak, ana suara sing ngaku-aku Pak Triyono Budi Sasongko. Inyong ngerti panjenengane kuwe sapa. Ningen inyong rumangsa ora dikenali neng panjenengane, dadine ya ora nggugu ana wong ngaku-aku asmane.   

“Assalamualaikum Warokhmatullah Hiwabarakatuh, kiye Mas Klowor mbok?” suara sing ngaku-aku bupatine Purbalingga mestekna jenenge inyong. 

“Wa'alikumsalam, nggeh leres Pak,” inyong njawab. 

“Kula seniki teng ngajeng daleme njenengan, kula badhe sowan Mas Klowor. Kagungan wekdal mboten?” 

BupatiInyong gagean nginggeng maring ngarep umah. Lho pancen ana mobil Nisan Terano plat abang nomere R  1  C.  

“Nggeh monggo Pak, pinarak mawon,” inyong ora kabotan derawuhi neng piyayi Purbalingga sing paling nomer siji. 

“Nepangaken, kula Klowor,” inyong nyalami ndara kanjenge Braling karo mbungkuk. 

“Hus..mboten usah mbungkuk kaleh kula. Kula niki pejabat pablik masa kini. Nek dibungkuk-bungkuki mangke utek kula melu bungkuk. He he he ..” bar njunjung pundhake inyong sing melu mbungkuk,  Pak Bupati banjur ngipuk-ngipuk pundhake inyong. 

“Kagungan kersa menapa rawuh dateng gubug kula? Kados wonten ingkang wigati. Lha panjenengan pirsa nomer HP kula saking sinten?” Panjenengane tek lenggahna neng ruang dhayoh sing ngisin-isine nemen ngger nggo lenggahan tumrap ndara kanjeng Bupati. 

“Kados niki Mas Klowor, rebat cekap mawon nggeh. Rikala saweg browsing teng internet, ijig-ijig kula nemu manuskrip novele njenengan sing dereng diterbitaken. Lha teng mriku tuli onten nomer HP kalehan e-mail njenenganan, timbangane tek e-mail kesuwen, keleresan dinten niki onten urusan teng cakete daleme njenengan, dados kula  mampir.” 

“Lha sagede pirsa gubug kula?” 

“Kaleh trawangan. He he he … Mboten ding. Onten salah setunggale kanca sing tepang njenengan nudhuhi kula. Kados niki lho mas, nyuwun sewu nggeh. Nek kula nyuwun manuskripe novele njenengan deowahi sekedhik kersa mboten?” Pak Bupati takon sing nyong durung ngerti karepe. 

“Panjenengan sampun maos sedaya Pak?” 

“Sampun, Mas Klowor. Sae sanget critane. Temane nggeh pas banget kaleh ati kula. Niku tuli temane pertanian-peternakan organik sing selot suwe saged ndamel kuate ekonomi kerakyatan,” Pak Bupati jebule ya pinter ngapresiasi seni sastra. 

“Lha barang elek koh,” inyong orane ngasor, ningen rumangsa karyane pancen elek. 

“Sae sanget koh Mas Klowor. Novele njenengan saged kangge kajian sastra kaleh kajian sosio-kultural masyarakat pedesaan seniki. Ugi saged ngge dokumentasi sosio linguistik  basa lokal  sing empun badhe  ilang kegerus budhaya populer,” jerene Pak Bupati 

“Matur nuwun, pengalem-alemipun. Lha panjenengan kagungan kersa novele kula deowahi, deowahi menapanipun?” 

“Njenengane tuli gole nggawe novel basa Banyumasan seting panggonane sanes teng Purbalingga nggeh?” 

“Nggeh, leres.”  

“Kepripun nek deowahi seting panggonane dados teng Purbalingga mawon?” 

“Lha niku gampil mawon Pak Bupati. Niku mboten masalah. Kula jan sedih sanget, kenging napa nggeh kula sanes warga Purbalingga?  Panjenangan koh mboten teng Kabupaten kula golene jumeneng Bupati. He he he..,” inyong ngguyu geget pisan.  
 
 

“Nggeh matur nuwun. Teras njenengan nek bade nerbitake manuskrip novel niku wau, kula saged madosaken penerbit kaliyan percetakane. Njenengan mendhet teng Purbalingga mawon. Kula mboten badhe melik royaltine,” Pak Bupati apikan. 

“Lha niku mboten masalah Pak, kula remen sanget,” wulu kalonge inyong sing neng githok dadi njegrig merga mrekinding trenyuh, soale karyane inyong deapresiasi neng bupatine wong lia, dudu bupatine dhewek. 

“Kula nggeh langkung remen nek njenengan kersa boyong teng Purbalingga. Soal dokumen kependudukan ampun kewatos mangke kula bantu, sing penting ‘jagad tulis menulis’ teng Purbalingga dados lewih semanger nek ketunggon  njenengan.” 

“Lha jan Pak Bupati apikan temen. Nggeh Pak, mangke kula tek pikir-pikir soal boyonge.” 

“Mas Klowor njengan tak aturi rawuh teng nggriya kula kapan mawon. Kula gadah ide kathah kangge langkung majengaken jagad seni teng Purbalingga, supados njenengan nggeh dados  saged majeng.  Kula tek nyuwun pamit nggeh!” Pak Bupati pamitan. 

“Lha unjukane saweg dedamel teng bojo kula koh kesusu. Nggeh Pak, matur nuwun sanget rawuhipun. Jan, kula mawon dereng nate kerawuhan bupatine kiyambek. Niki malah kula kerawuhan bupatine tanggi. Wah firasat apik niki Pak Bupati he he he….” 

Senajan inyong nembe sepisan ketemu panjenengane, ningen wis teyeng ngarani nek panjenengane kagungan visi karo misi sing maen pisan nggo majokna Kabupatene. Nganti seniman dekil sing gayane klowor pisan kaya inyong kiye dedhawuhi boyong karo makarya neng Purbalingga nggo lewih majokna jaged seni sastra neng kana. 

Adan subuh keprungu. Gedhubrag....ijig-ijig bathuke inyong krasa lara merga natap jogan. Bathuke inyong tek demek, jebule menonong. Asem.... jebule inyong kur ngimpi kedhayohan Ndara Kanjeng Bupati Braling.   

8 Juli 2008  
 
Comments
Add New Search RSS
puadhas  - Pubalingga pancen beda ..   |Dikirim sekang IP:125.166.247.xxx |2009-11-21 04:53:36
kelingan mbiyen alun-alun Purbalingga sukete elek, siki ta apik. kaki lima angger sore gutul wengi dasaran panganan jan oke bgt lah.... patut nggo contoh bupati liyane ning indonesia...

sedulur
banyumas luar kota bisa update berita Banyumasan loh, siki ana http://www.banyumasnews.com
Endang suciharti  - daharan sing diklangeni Bp Bupati   |Dikirim sekang IP:114.123.214.xxx |2009-10-18 16:34:15
Ngimpi kerawuhan bp Bupati mesti,merupakan kepinginan kawula alit sing urip ning tlatah purbalingga kanggo bocora para sedulur sing arep kerawuhan Bp bupati ,langkung remen yen pasugatan daharan lan
jajan tradisional,kaya kueh keleman sing asli saka jawa tengah apa maneh Purbalingga,kuek ku,kueh pare,apem nagasari lemper dll tinimbang pizza.muga2 para sedulur saget kanggo pertimbangan menowo arep
kerawuhan panjenengane Bupati Purbalingga.
khaidir   |Dikirim sekang IP:125.166.18.xxx |2009-10-15 15:20:18
khadir braling yang ada dijakarta mau ikut urun rembug(mengomentari)tempatkota kelahirannya,sekarang ini purbalingga wis asri tenan ya, kapan2 aku pengin sowan,tapi sopo sing dituju ya,
endang suciharti  - pancen apik pisan   |Dikirim sekang IP:125.163.212.xxx |2009-09-11 17:21:29
pancen bapak bupati purbalingga kuwe apik pisan sing wis tahu ketemu ora arep ngingkari menowo bapak bupati pancen ,merakyat lan selalu mendukung kabeh kegitan sing kanggo kemajuan purbalingga,amargo
aku tahu ketemu dewek ora mung ngendikane tapi juga karo diparingi fasilitas kanti cukup,amien .matur nuwun bapak bupati.
Ningsih  - Salut !   |Dikirim sekang IP:125.163.213.xxx |2009-07-31 08:54:56
Logat Banyumas... I Love You Full !~
JejakPenaPublishing  - Maen!   |Dikirim sekang IP:125.163.213.xxx |2009-07-31 07:44:15
Mari penuhi dunia virtuil kita dengan tulisan2 berba hasa Banyumas
Janur  - Blog keren!   |Dikirim sekang IP:222.124.206.xxx |2009-07-26 20:56:38
Wah ternyata ada blog banyumas juga ya..
Keren..kerenn..

Saya juga sebenarnya sedang bangun website banyumas juga pak http://mendoanz.com

Eh baru mulai ada traffic malah kena hacker!

Posting saya
hilang semua. Ada saran? terima kasih.

Salam kenal,
Janur admin@mendoanz.com
Suci Rokhaniah   |Dikirim sekang IP:125.163.210.xxx |2009-06-28 05:37:00
Dia memang mobile skali Pak Brotoz. Dia pengamat kemajuan daerah.
brotoz   |Dikirim sekang IP:125.166.232.xxx |2009-06-27 20:30:19
wkwkwk...cek cek..review ne medeni ngalah ngalahna wong purwakerta purbalingga sing uripe nang keneh..
Hari Mulyanto   |Dikirim sekang IP:125.163.184.xxx |2009-06-21 07:07:26
eh, jenenge padha,, tp bedane angger aku lha asli Purbalingga,, he..he.. doLan2 maring gone nyong ya...!! http://www.harimulya.com
maturnuwun...
Suci Rokhaniah   |Dikirim sekang IP:125.163.213.xxx |2009-06-16 03:13:13
he he he.. ktm juga tulisane rika. Wah... kolomnis dunia maya nih ye... tapi asyik koh, gayeng pisan
agus prayitno   |Dikirim sekang IP:222.124.197.xxx |2009-06-15 01:20:56
Mas Hari,

Critane marem temen. Jan-janne sampeyan kuwe ngimpi apa pancen kepengin detemoni karo ndoro Bupati Purbalingga?
Hari Widiyanto   |Dikirim sekang IP:125.163.213.xxx |2009-06-15 02:31:37
Kadar ndlepus, inyong tau ketemu ning tahun 2003. Geh, pejabat publik jaman siki kudune kaya panjenengane!
Write comment
Name:
Email:
 
Title:
 
:angry::0:confused::cheer:B):evil::silly::dry::lol::kiss::D:pinch:
:(:shock::X:side::):P:unsure::woohoo::huh::whistle:;):s
:!::?::idea::arrow:
 
Please input the anti-spam code that you can read in the image.

3.26 Copyright (C) 2008 Compojoom.com / Copyright (C) 2007 Alain Georgette / Copyright (C) 2006 Frantisek Hliva. All rights reserved."

Last Updated ( Thursday, 18 June 2009 )
 
< Prev   Next >

Domain gratis www.jenengerika.co.cc

Sing gawe website: topendwebdesign.com.au

te

BangsariBlog

  Blogger Bangsari
 





I love BMS

  ilovebms.jpg
 

  email: tom_blenk@yahoo.com