Wednesday, 08 September 2010
Home
Citizen Journalism
PUASA: BEDUG, MERCON LAN KOLEK MUNTHUL
Citizen Journalism
PUASA: BEDUG, MERCON LAN KOLEK MUNTHUL
| PUASA: BEDUG, MERCON LAN KOLEK MUNTHUL |
|
|
|
| Friday, 21 August 2009 | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Mulaih dina kiye puasa maning. Sing jenenge puasa tuli ora mung ngelih karo ngelak tok nggane. Tapi akeh ngibadaeh. Sing marekna seneng tuli suasanane sing dame lan spesial pisan. Nek dong jamane nyong mbiyen neng ndesa tah akeh suara mercon pas dong mercon urung dilarang ndean. Ngasi pada niat pisan nggawe mercon dewek tuku bubuk mercon seprapat kilo digawe mercon loro tok sing gedene se kaleng susu lan sumbune se dadung. Pas disumed, whalah suwarane ngasi neng bagdad krungu. Ana kancaku mbiyen sing nggawe mercon nganggo bongkot pring dadi kaya meriam, mesiune karbit karo lenga latung, jenenge mercon bumbung. Senajan akeh sedulur sedulur sing macule adoh sekang ndesa ya suasanane esih mandan kemutan ndean.
F oto :kidemang.info (Jane arep tek isi gambar Kolek pisang karo muntul mbok pada pengin ngko puasane batal)
Puasa, sing sejatine nahan ngelih karo ngelak naging justru sing dadi marekna spesial pisan malah justru suasana bahagia lan nylekamin pisan. sing ditunggu tunggu kabeh sing puwasa ya kuwe suara bedug magrib lan adzane. Seliyane kuwe ya panganan spesial kaya kolek dadi kaya panganan (apa inuman ya) sing musiman mung pas wulan pasa thok methungule.Jane si ya bisa baen nggawe kapan kapan tapi ya bobote beda ndean.
Sing jenenge puasa ya ora luput karo traweh. Kemutan dong jaman cilik seneng pisan tes buka ya siap siap aring mejid trawehan, ora ketang neng kana playon karo gelut gelutan karo kancane. Trus sing mandan jelas ketara ya meskipun bapak bapak ibu ibu lan kabehane baen, nek pas puasa pertama tah mesjide kebek pisan ngasi neng njaba. Seminggu mlaku puasane, akeh sing absen, rong minggu tambah akeh sing alpa pas dina dina terakhir wis mandan kosong mesjide nggo trawehan. Mbuh anu pada pindah pindah gole traweh apa priwe ora ngerti guweh. Nek gemiyen kemutane dong cilik senenge dolanan mik mesjid, karo ngaji ngasi katam sewulan. nek ora pengin banget nggebugi bedug buka puasa. Trus tajilane ya sing dinteni. Anu kreatifitase ibu ibu PKK cokan nggawe cenil nek ora combro nggo lawuh ngopi bapak bapak sing cok tongkrongan neng mejid.
Nah, nyambut wulan puwasa kiye dalem pengin mengucapaken sugeng siyam kagem sedulur ingkang menjalankan ibadah puasa, sing ora puasa ya aja ngiming ngimingi mbok pada batal puasane. Nyuwun pangapuntene sederengipun menawi dalem gadah klenta klentunipun lan selamat menikmati hidangan saur lan buka puasa masakane biyunge sing sekang jam 3 awan nggerus lombok karo marud klapa lan ngiris brambang ngasi mbrebes mili. Marhaban ya Ramadhan....
Powered by !JoomlaComment 3.26
3.26 Copyright (C) 2008 Compojoom.com / Copyright (C) 2007 Alain Georgette / Copyright (C) 2006 Frantisek Hliva. All rights reserved." |
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Last Updated ( Saturday, 22 August 2009 ) | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| < Prev | Next > |
|---|
General
Editorial
Editor
Copy of Jajanan
Banyumas Arts
Banyumas has various unique arts and cultural aspects. From the magical Ebeg Show which now still being the main cultural show to modernize one like the "Kentongan Orchestra" which is a bamboo musical instrument that played in mass parade. Behind its unique language, this region has the richness of the welknown Javanese culture. The Scultpture arts from Banyumas is not as popular as other part of Java like Jogjakarta with its Prambana...Readmore

Domain gratis www.jenengerika.co.cc
Sing gawe website: topendwebdesign.com.au
goleti.com Banyumas Online Magazine neng Facebook
Think Green